27 Ucapan Sungkem kepada Orang Tua dalam Bahasa Jawa dan Indonesia saat Lebaran
Selain makanan yang khas, seperti opor ayam dan sambal kentang, Lebaran atau Hari Raya Idulfitri juga identik dengan tradisi budaya sungkeman.
Penulis: Bunga Kartikasari | Editor: Joko Widiyarso
Kulo suwun kaleburna ing dinten riyadi puniko lan ingkang putra nyuwun berkah soho pangestu.
3. Ngaturaken sugeng riyadi 1 Syawal 1443 H, Taqabbalallahu Minna Wa Minkum Taqobbal Ya Karim, Kullu Amin Wa Antum Bikhoir.
Mugi gusti Allah tansah paring hidayah, maghfiroh soho barokah dumateng kito sedoyo.
Rahayu ingkang tinemu, sambodo ingkang sinedyo, jumbuh ingkang ginayuh.
Baca juga: 33 Ucapan Selamat Hari Raya Idulfitri 1443 H yang Menyentuh Kalbu
4. Bapak/Ibu, Ngaturaken sembah pangabekti kawula.
Sepinten kalepatan kulo, lampah kulo setindak, paben kulo sakecap ingkang mboten angsal idining sarak, kulo nyuwun pangapunten mugi lineburo ing dinten riyoyo puniko.
5. Kulo ngaturaken sembah ngabekti dhateng panjenengan, ugi nyuwun pangapunten ing sadeleme manah dumateng sedaya agengipun kelepatanipun tindak tanduk ingkang katingal menapa mboten katingal.
Mugi mugi Allah nglebur dosa kulo lan panjenengan ing dinten riyaya meniko
6. Ngaturaken sembah pangabekti kawula Sepinten kalepatan kula ingkang mboten angsal idining sarak, dalem nyuwun pangapunten. Mugi lineburo ing dinten riyaya punika.
7. Ngaturaken sembah sungkem dumateng panjenengan, nyuwun pangapunten, mugi-mugi kanugrahan jatining fitrah saking Gusti Allah, wilujeng Idul Fitri.
8. Pak/Bu/Mbah, kula sowan mriki ngaturaken pangabekti kula, ngaturaken Sugeng riyadi ugi ngaturaken sedaya kelepatan kula, mboo' bilih lampah kula setindak wiraos kula seklimah ingkang sampun kelampah kaliyan ingkang dereng kelampahan ingkang mboten karenan ing panggalih panjenengan lahir batos nyuwun agunging samudro pangaksami. Cekap semanten atur kula, mboten kesupen nyuwun tambahing pangestu.
9. Bapak/Ibu/Eyang ingkang sepindah kulo ngaturaken sugeng riyadi 1442 Hijriyah, kaping kalih ipun kulo nyuwun pangapunten dumateng sedaya keleptan ingkang kulo sengaja dan ingkang mboten kulo sengaja.
10. Ngaturaken salam bekti kula Pak/Bu.
Kula tiang nem katah lepate, lepat ingkang kesamar lan ingkang mboten kesamar, wiwir riyadi wingking uga riyadi sakniki.
Mugi-mugi gusti Allah saget nglubari pidosa kula kalian Bapak/Ibu.
11. Bapak/ibu, Kawulo badhe ngaturaken sugeng riyadi 1 Syawal 1443 Hijriyah.
Mugi-mugi gusti Allah ingkang maha agung tansah paring hidayah, maghfiroh lan barokah dumateng kito sadoyo.