Kalimat Ucapan

33 Kalimat Sungkem Idul Fitri Pakai Bahasa Jawa Halus, yang Mendengar Langsung Luluh

Kumpulan ungkapan minta maaf untuk sungkem lebaran ini dapat dijadikan sebagai bahan referensi khusus untuk Anda yang kurang menguasai bahasa Jawa

Penulis: Tribun Jogja | Editor: Ikrob Didik Irawan
freepik.com/starline
33 Kalimat Sungkem Idul Fitri Pakai Bahasa Jawa Halus, yang Mendengar Langsung Luluh 

TRIBUNJOGJA.COM - Berikut ini adalah kumpulan kalimat ucapan sungkem lebaran Idulfitri dengan menggunakan bahasa Jawa halus

Kumpulan ungkapan minta maaf untuk sungkem lebaran ini dapat dijadikan sebagai bahan referensi khusus untuk Anda yang kurang menguasai bahasa Jawa:

Baca juga: 27 CONTOH Kalimat Sungkem Pakai Bahasa Jawa Halus, Hafalkan Sebelum Lebaran

  1. Kulo ngaturaken sugeng riyadi lan nyuwun pangapunten dumatheng sedoyo kelepatanipun lan klenta klentinipun kulo.
    Ngaturaken Sugeng Riyadi 1 Syawal 1444 H. Kulo sakaluarga nyuwun pangapunten dumateng sedoyo mawon.
  2. Kagem Bapak lan Ibu, kulo ngaturaken sugeng riyadi lan nyuwun agunging pangapura ingkang. Mugi-mugi kita kanugrahan jatining fitrah ing dinten riyoyo punika saking gusti Allah.
  3. Bapak/Ibu, Ngaturaken sembah pangabekti kawula. Sepinten kalepatan kulo, lampah kulo setindak, paben kulo sakecap ingkang mboten angsal idining sarak, kulo nyuwun pangapunten mugi lineburo ing dinten riyoyo puniko.
    Kula nyuwun pangapuro, mugi-mugi Allah nglebur dosa kula lan panjenengan ing dinten riyaya menika.
  4. Bapak/Ibu/Eyang, ingkang sepindah kula ngaturaken sugeng riyadi. Kaping kalihipun, kula nyuwun pangapunten dumateng sedaya kalepatan ingkang kula sengaja lan ingkang mboten ngaja.
  5. Mbah/Pak/Bu, Kula ngaturaken sugeng riyadi, lan mbo menawi wonten kelepatan kula ingkang kula sengojo lan ingkang mboten kulo sengojo, mugi-mugi kalih sing kuoso dipun lebur luwari ing dinten riyoyo punika.
  6. Sowan kula mriki, kula badhe ngaturaken sugeng riyadi lan nyuwun pangapunten dhumateng sedaya kalepatanipun lan klenta klentunipun.
  7. Ngaturaken Sugeng Riyadi 1444 H. Kulo nyuwun pangapunten lair lan batin, mugi-mugi kulo lan panjenengan keparing sami-sami ngapuntenaken lan wangsul njalin silaturahmi.
  8. Ngaturaken sembah sungkem dumateng panjenengan, nyuwun pangapunten, mugi-mugi kanugrahan jatining fitrah saking Gusti Allah, wilujeng Idul Fitri.
  9. Ngaturaken sugeng riyadi 1 Syawal 1444 H. Taqabbalallahu Minna Wa Minkum Taqobbal Ya Karim. Kullu Amiin Wa Antum Bikhoir. Mugi gusti Allah tansah paring hidayah. Maghfiroh saha barokah dumateng kita sedaya. Rahayu ingkang tinemu. Sambada ingkang sinedya. Jumbuh ingkang ginayuh.
  10. Kula ngaturaken sedaya kalepatan kawula ingkang dipun sengaja utawi mboten, ing dinten riyaya punika kawula nyuwun pangapunten ingkang seageng-agengipun.
  11. Kepareng matur Simbah/Bapak/Ibu, kula ngaturaken sugeng riyadi, sedaya kalepatan kula nyuwun agunging pangapura ingkang kula sengaja menapa mboten, mugi-mugi saged dipun lebur ing dinten riyadi menika.
  12. Bapak/ibu, Kawulo badhe ngaturaken sugeng riyadi 1 Syawal 1444 Hijriyah. Mugi-mugi gusti Allah ingkang maha agung tansah paring hidayah, maghfiroh lan barokah dumateng kito sadoyo. kulo nyuwun pangapunten bilih wonten kelepatan.
  13. Kula ngaturaken wilujeng idul fitri. Nyuwun pangapunten, mugi kita kanugrahan jatining fitrah saking Gusti Ingkang Welas Asih.
  14. Kula tiyang enem, nyuwun pangapunten sedaya kalepatan kawula dumateng Bapak, Ibu, Mbah.
  15. Ngaturaken wilujeng idul fitri nyuwun gunging pangapunten, mugi kito kanugrahan jatining fitrah saking gusti Ingkang Moho Pemurah.
  16. Ngaturaken sembah pangabekti kawula. Sepinten kelepatan kula, lampah kula setindak, paben kula sakecap ingkang mbonten angsal idining sarak, kula nyuwun pangapunten mugi linebura ing dinten riyaya punika.
  17. Kula tiyang enem mbok bilih katah klenta klentu anggene kula matur, lan tindak ingkang ndadosaken penggalihipun panjenengan, ingkang langkung sepuh mboten sekeco. Kula ngaturaken pangapunten seagengipun dhateng sedaya kalepatan menika wau.
  18. Dalem badhe ngaturaken sembah pangabekti kawula, sepinten kalepatan kula ingkang mboten angsal idining sarak, dalem nyuwun pangapunten. Mugi lineburo ing dinten riyaya punika.
  19. Kulo sowan wonten ing ngarsanipun Bapak/Ibu. Sepisan, nyaos sembah pangabekti mugi katur ing ngersanipun Bapak/Ibu. Ongko kalih, mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur kulo saklimah, tuwin lampah kulo satindak ingkah kulo jarang lan mboten ndadosaken sarjuning panggalih. Mugi Bapak/Ibu kerso maringi agunging samudro pangaksami. Kulo suwun kaleburna ing dinten riyadi puniko lan ingkang putra nyuwun berkah soho pangestu.
  20. Dalem ngaturaken wilujeng Idul Fitri. Nyuwun agengipun pangapunten, mugi-mugi kito kanugrahan jatining fitrah saking Gusti Ingkang Maha Pemurah.
  21. Kulo ngaturaken sembah ngabekti dhateng panjenengan, ugi nyuwun pangapunten ing sadeleme manah dumateng sedaya agengipun kelepatanipun tindak tanduk ingkang katingal menapa mboten katingal. Mugi mugi Allah nglebur dosa kulo lan panjenengan ing dinten riyaya meniko.
  22. Kula nyuwun agunging pangapunten sedanten kalepatan lahir dumugining batin mboten langkung ngaturaken sugeng riyadi, mugi Gusti Allah ingkang kuoso paring ridho lan rahmatipun dumateng kito sedoyo.
  23. Bapak, Ibu, nyuwun pangapunten sangking lampah lan tumindak kulo. Mugi ibadah kulo lan panjenengan saged ketampi ing ngarsane gusti Allah SWT.
  24. Menawi kathah lepat lan luput, kulo nyuwun ikhlasipun pangapuro. Sugeng riyadi sedoyo.
  25. Kepareng matur dhumateng (bapak/ibu) sowan kula wonten mriki, ingkang sepisan silaturrahim, kaping kalihipun ngaturaken sugeng riyadi, ngaturaken sedaya lepat nyuwun pangapunten, kaping tiga nyuwun donga pangestunipun supados kula saged dados putra ingkang sholeh, migunani dhateng agami, nusa, bangsa, lan nagari, lancar anggenipun pados ilmu ingkang manfaat, gampil anggenipun pados rejeki ingkang halal lan thayyib, saha sukses nglampahi gesang ing donya lan akhirat.
  26. Mboten wonten manungsa ingkang sempurna, dosa lan kelepatan mboten saged lukar saking panjenenganipun. Nyuwun pangapunten lair lan batin.
  27. Kula ngaturaken sedoyo kalepatan kawulo ingkang dipun sengaja utawi mboten, ing dinten riyoyo punika kawulo nyuwun pangapunten ingkang seageng-agengipun.
  28. Sugeng riyadi, nyuwun pangapunten lair lan batin. Mugi-mugi Allah maringaken berkah lan ampunan dhateng kula lan panjenengan sami.
  29. Sugeng riyadi, sedaya kelepatan lan tindakan ingkang nate dipuntindakaken nyuwun dipun-apuntenaken.
  30. Mugi-mugi Gusti Allah tansah maringi berkah wilujeng saha sih wilasa dhumateng kula dalah panjenengan sami, lan tansah sehat bagas waras sedayanipun. Aamiin.
  31. Nyuwun kanthi legawa saha kasduning penggalih, sareng punika, kula hangaturaken Sugeng Riyadi.
  32. Dinten menika dinten bakdo riyadi, kula menawi gadah kalepatan ingkang disejo lan mboten disejo dhumateng Ibu lan Bapak, kula nyuwun agunging samudri pangaksami.
  33. Ing dinten riyadin niki, menawi kula gadah kalepatan ingkang kula sejo utawi moten kula seja dumateng (nama), kula nyuwun pangapunten ingkang agung. (*)
Sumber: Tribun Jogja
Berita Terkait
  • Ikuti kami di
    AA

    Berita Terkini

    © 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
    All Right Reserved