Maulid Nabi

4 CONTOH Teks Pidato Maulid Nabi dalam Bahasa Jawa, Referensi untuk Acara RT/RW

AA

Text Sizes

Medium

Large

Larger

4 CONTOH Teks Pidato Maulid Nabi Bahasa Jawa, Referensi untuk Acara RT/RW

Muga-muga apa sing wis kasebut sadurunge bisa migunani, ihdinash shirathal mustaqiim, Wallahul Muwafieq Ilaa Aqwamit Tharieq.

Wassalamualaikum Warahmatulahi Wabarakatuh.

Baca juga: 27 Ucapan Balasan Maulid Nabi Muhammad 1445 H Islami, Tebarkan dan Teladani Kemuliaan Rasulullah

2. Contoh Teks Pidato Maulid Nabi dalam Bahasa Jawa

Assalamu’alaikum wr.wb.

Bapak-bapak, Ibu-ibu, saha para sedherek kaum muslimin lan muslimat ingkang kinurmatan.

Saderengipun mangga kula tuwin panjenengan sami sesarengan ngaturaken pudya puji pudyastuti wonten ngarsaning Gusti Allah SWT. Dene kula tuwin panjenengan sami taksih sami pinaringan rahmat hidayahipun, kasugengan, karaharja, saengga taksih saged makempal wonten ing papan mriki.

Ing dinten punika tanggal 12 Rabiul Awal taun (...) utawi tanggal (...) wulan (...) taun (...) Masehi, kula tuwin panjengan sami saged makempal wonten ing Masjid (...) mriki, ingkang saperlu mengeti dinten Maulid Nabi junjungan kita inggih punika Kanjeng Nabi Muhammad SAW.

Kula minangka ketua panitia penyelenggara pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW ing Masjid (...) mriki, ngaturaken gunging panuwun dhumateng para rawuh ingkang sampun nglonggaraken wekdal kersa angrawuhi pengetan wiyosipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW ing panggenan mriki.

Minangka pratandha sampun manteb tuwin raos nglegena dhumateng agami islam minangka pitedah kabagyanipun agesang wonten ing alam donya dumugi akhirat. Wondene inti saking pengetan punika badhe dipunwedaraken dening Bapak (...) saking (....).

Kula kinten atur pambuka pengetan dinten Maulid Nabi ing dalu punika kula cakapi semanten kemawon. Salajengipun mangga sesarengan paring tetenger bilih pengetan punika kula wiwiti kanthi waosan basmalah sesarengan. “Bismillahirrohmannirrahim.”

Cekap semanten atur kula, Akhirul kalam wabillahittaufiq walhidayah.

Wassalamu’alaikum wr. wb.

3. Contoh Teks Pidato Maulid Nabi dalam Bahasa Jawa

Assalamualaikum wr. wb.

Poro Bapak poro Ibu hadirin sedoyo ingkang kulo hormati.
Monggo kulo lan panjenengan sedoyo samiho manjataken rahos syukur Alhamdulillah dateng ngarsanipun allah SWT. dene menopo Alloh sampun paring hidayah, inayah, rohmat lan keni’matan dumateng kulo lan panjenengan sedoyo, sehingga kulo lan panjenengan sami saget makempal wonten ing puniko majlis kanti sehat wal ‘afiyat.

Halaman
1234

Berita Terkini