Contoh Naskah Pidato

4 CONTOH Teks MC Halal Bihalal Keluarga Pakai Bahasa Jawa, dari Resmi hingga Humor

Tradisi halal bihalal tak hanya menjadi ajang silaturahmi usai Idulfitri, tetapi juga ruang hangat untuk menjaga nilai-nilai budaya

Penulis: Tribun Jogja | Editor: Ikrob Didik Irawan
ist
Ilustrasi: Halal Bihalal 

Sugeng rawuh para dulur sedaya ing acara Halal Bihalal Keluarga 2025. Kula ucapaken maturnuwun sanget sampun kerso rawuh, sanadyan cuaca rada panas, nanging ati kita tetep adem bareng dulur-dulur.

Acara menika minangka pangapura bebarengan. Sawise wulan suci Ramadan, dina iki kita nglebur salah lan dosa, ben atine lega, uripe barokah.

Kula, [jeneng], mboten kersa ngatur acara kanthi kaku, nanging santai wae, sing penting makna tekan. Mangga kito buka kanthi Basmallah.

Acara iki ana sambutan, mauidhoh hasanah, terus salaman, mangan bareng, lan terakhir hiburan. Sing arep nyanyi monggo, sing pengin joget yo aja isin-isin.

Mugi acara menika paring manfaat, lan keluarga kita tansah rukun, ayem, tentrem sak lawase.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

 
Teks MC 3 – Gaya Religius dan Menyentuh

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Alhamdulillah, puji syukur kita panjataken dhumateng Gusti Allah SWT, ingkang sampun maringi nikmat sehat lan kesempatan, saéngga kita saged kempal wonten acara Halal Bihalal Keluarga Tahun 2025 punika.

Wulan Syawal punika wektu ingkang saé kanggo njalin pangapunten. Kita asring salah tanpa sadar, ngomong kasar, nesu ora perlu. Mula dina iki ayo padha nyuwun lan maringi pangapunten kanthi tulus.

Kita awali acara kanthi maos Basmallah bebarengan.
Bismillahirrahmanirrahim.

Mangga acara kita lanjutaken kanthi runtutan: sambutan, tausiyah, salaman, lan pungkasan ramah tamah. Mugi acara menika ndadekake ati kita resik, hubungan antar keluarga dadi luwih erat.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

 
Teks MC 4 – Gaya Guyonan Halus dan Santai

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Wah, alhamdulillah, dinten punika kita bisa kempal bareng. Roso kangen, rasa tresna, lan rasa luwe kabeh nyampur dadi siji ing acara Halal Bihalal Keluarga 2025.

Halaman
123
Sumber: Tribun Jogja
Rekomendasi untuk Anda
  • Ikuti kami di
    AA

    Berita Terkini

    © 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
    All Right Reserved