Contoh Naskah Pidato
Contoh Naskah Pidato Sambutan Dalam Bahasa Jawa Bila Anda Menjadi Tuan Rumah Sebuah Acara
Berikut ini beberapa contoh sambutan tuan rumah yang menggunakan bahasa Jawa lengkap dengan artinya
Penulis: Tribun Jogja | Editor: Ikrob Didik Irawan
TRIBUNJOGJA.COM - Berikut ini beberapa contoh sambutan tuan rumah yang menggunakan bahasa Jawa lengkap dengan artinya:
CONTOH 1
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Sugeng dalu para sedherek ingkang kawula tresnani
Ingkang kinurmat para sesepuh, pini sepuh, aji sesepuh ingkang tansah kinabekten.
Para bapak, para ibu, sarta para sedherek ingkang kawula khurmati.
Kawula minangka sesulih saking ketua RT 06, badhe ngaturaken sugeng rawuh lan matur nuwun ingkang ageng dhumateng para bapak, ibu, lan para sedherek sedaya, ingkang sampun kersa ngrawuhi adicara rapat RT wulanan ing wekdal dalu punika.
Mugi-mugi tindakipun panjenengan saking ndalem dumugi papan punika klebet ngibadah ingkang ing tembe bakal pikantuk ganjaran saking ngarsa dalem Allah SWT.
Salajengipun, menawi anggenipun panitia gupuh suguh ugi aruh dhumateng panjenengan, kula minangka sesulihipun ingkang kagungan kersa nyuwun agungipun pangaksami.
Para bapak, ibu, dalah para sedherek sedaya.
Cekap semanten atur kawula minangka menawi wonten atur utawi tumindak kula ingkang kirang trep utawi kirang mranani dhumateng penggalih panjenengan, kula sacara pribadhi nyuwun agunge pangaksami.
Waalaikum salam warahmatullahi wabarakatuh
Terjemahan
Selamat malam para hadirin yang saya sayangi.
Yang terhormat para sesepuh, pini sepuh, dan aji sepuh yang berbahagia. Bapak-bapak, ibu-ibu dan para hadirin yang hormati.
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Saya sebagai wakil dari Ketua RT 06, mengucapkan selamat datang dan terima kasih yang sebesar-besarnya kepada bapak, ibu, dan semua hadirin yang telah berkenan hadir dalam rapat RT bulanan pada malam ini.
Semoga kehadirin para saudara dalam acara ini termasuk amal ibadah yang dikemudian hari akan mendapatkan balasan yang baik dari Tuhan.
Selanjutnya, jika ada kata, perilaku, dan kurang dalam memberikan sambutan yang menyinggungan perasaan dan membuat anda merasa kurang berkenan.
Saya sebagai wakil dari yang punya hajat meminta maaf yang sebesar-besarnya.
Hadirin sekalian
Saya kira cukup sekian sambutan dari saya. Jika ada perilaku dan ucapan saya yang membuat anda kurang berkenan.
Saya secara pribadi ingin meminta maaf yang sebesar-besarnya kepada hadirin sekalian.
Waalaikum salam warahmatullahi wabarakatuh
CONTOH 2
Assalamualaikum Warrahmatullahi Wabarrakatuh
Dhumateng para Ibu PKK saking desa Mirigambar ingkang kula khurmati.
Kula minangka ingkang mangku damel adicara Arisan PKK wulan Januari badhe ngaturaken sugeng rawuh lan ngaturaken matur panuwun dhumateng para ibu ingkang sampun kersa rawuh dhateng griya kula.
Mugya tindakipun panjenengan wiwit saking dalem ngantos dumugi ing papan punika kalebet ngibadah lan pikantuk ganjaran ingkang sae saking Allah SWT.
Salejengipun menawi anggen kula nampi rawuh panjenengan sarta anggen kula paring suguh wonten ingkang mranani dhumateng manahipun panjenengan, kula nyuwun pangapunten ingkang ageng dhumateng panjenengan.
Kula kinten, cekap semanten rumiyin atur kawula. Sepindhah malih kula aturaken sugeng rawuh. Sarta menawi wonten ucap ugi tumindak kula ingkang kirang mranani penggalihipun panjenengan sedaya. Kula nyuwun samudraning pangaksami.
Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Terjemahan
Assalamualaikum Warrahmatullahi Wabarrakatuh
Kepada Yang Terhormaat Para Ibu PKK Desa Mirigambar yang saya hormati.
Saya sebagai tuan rumah pelaksanaan acara arisan PKK bulan januari mengucapkan selamat datang dan terima karena ibu-ibu sekalian telah berkenan hadir dalam acara arisan ini di rumah saya.
Semoga kehadiran ibu-ibu dalam acara ini termasuk sebagai amal ibadah sehingga dapat mendapat balasan yang baik dari Tuhan,
Selanjutnya apabila ada kekurangan dalam memberikan sambutan dan jamuan atas kehadiran ibu-ibu semua, saya selaku empunya rumah memohon maaf yang sebesar-besarnya.
Saya kira, cukup sampai di sini dulu sambutan dari saya. Sekali lagi apabila ada ucapan atau tindakan saya yang kurang berkenan di hati saudara.
Saya memohon maaf sebesar-besarnya kepada saudara sekalian.
Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh. (*)
3 CONTOH Naskah Doa Hari Kebangkitan Nasional : Bersyukur, Memohon Ampun dan Mendoakan Indonesia |
![]() |
---|
6 CONTOH PIDATO Amanat Pembina Upacara Hari Kebangkitan Nasional 2025 Berbagai Versi |
![]() |
---|
4 Contoh Ikrar Syawalan Halal Bihalal Sekolah 2025 Singkat dan Menyentuh |
![]() |
---|
5 CONTOH Sambutan untuk Acara Halal Bi Halal Keluarga, Sopan Hingga Lucu |
![]() |
---|
4 CONTOH Teks MC Halal Bihalal Keluarga Pakai Bahasa Jawa, dari Resmi hingga Humor |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.