Hari Ibu
7 KUMPULAN Puisi Berbahasa Jawa untuk Ibu, Tanda Kasih untuk Bunda yang Pernah Bertaruh Nyawa
Simak 7 kumpulan puisi untuk ibu yang menggunakan bahasa Jawa. Puisi ini bisa Anda kirimkan via WhatsApp maupun pesan singkat:
Penulis: Bunga Kartikasari | Editor: Joko Widiyarso
IBUKU SAYANG
Ibuku sayang….
Kepareng matur dumateng Ibu
Kulo ngaturaken sugeng riyadi
Sedaya kalepatan kulo ingkang dipun sengaja utawi mboten dipun sengaja,
Kulo nyuwun agunge pangapunten saking Ibu
Kulo nyuwun donga pangestunipun saha Ibu
Maturnuwun sanget Ibuku sayang
IBU KEBANGGAANKU
Ibu…
Pangorbananmu kaya bumi pertiwi
Nadyan dipiloro, dipaculi malah nukulake wiji
Kanggo panguripane sagung dumadi
Kanti sabar anggonmu angreksa
Nggembol sangangsasi sepuloh dina
Kabeh lakon kabeh lelara nora dirasa
Ibu…
Asihmu kaya gebtare lintang ing akasa
Gawe endah kahanan dunya
Lumunturing tresnamu kaya aluning samudra
Sambung sumambung tanpo kendat
Anggonmu ngengulang marang putra
Dongamu tansyah lumintu anggiring kabeh geguyahanku
Ibu…
Welasmu kyo sorote condrp eng wanci dalu
Tansyah paring obor engng pepeteng
Naliko anakmu susah nora kendat paring pitedah
Nalika anakmu luput tansah aring pangenut
Kareben uripku nora kalang kabut
Ibu…
Sewu atur nora bakal cukup
Bondho ndonyo nora bakal nutup
Kanggo genteni katresnananmu
Amung esemu shing biso gawe padang atiku
Baca juga: 35 Pesan Mutiara Selamat Hari Ibu untuk Mama yang Sudah di Surga, Haru dan Menyentuh Hati!
NGAPUNTEN IBU
Kula ngaturaken sembah ngabekti dhateng Ibu
Ugi nyuwun pangapunten dumateng Ibu
Menawai wonten kalepatan ingkang dipun sengaja utawi mboten
Nyuwun agenge pangapunten Ibu
Ngapunten Ibu
Tresna asih Ibu
Kesabaran ibu kang kebak wutuh
Ora bisa daklalekke
IBU
Ibu…
Sakjroning esemanmu ana keselmu
Rina wengi kerja, tanpa rasa lesu
Tansah kuat lan tanpa sambat
Mung kanggo aku…
Ibu….
Tetep sabar ngadepi ndhablekke awakku
Tetep nyepurani salah polahku
Ngobati nalika aku klara
Nyemangati nalika aku tanpa daya…
Ibu sepurane ingkang katah
Aku amung biso ndonga
Mugi Gusti tansah ngelindungi
Maringi kawerasan lan rezeki...
( Tribunjogja.com / Bunga Kartikasari )