pantun bahasa jawa

Pantun Bahasa Jawa Hari Ini, tuku sarapan ning pasar kranggan, lawuhe ndog karo oseng kacang

Pantun Bahasa Jawa Hari Ini, tuku sarapan ning pasar kranggan, lawuhe ndog karo oseng kacang

Penulis: Yudha Kristiawan | Editor: Yudha Kristiawan
Dokumentasi Humas Pemkab Kulon Progo
Pantun Bahasa Jawa Hari Ini, tuku sarapan ning pasar kranggan, lawuhe ndog karo oseng kacang 
  • Pantun Bahasa Jawa Hari Ini, tuku sarapan ning pasar kranggan, lawuhe ndog karo oseng kacang

TRIBUNJOGJA.COM - Pantun bisa menjadi pilihan media menyampaikan pesan moral hingga kritikan. 

Pantun bisa disampaikan dalam beragam bahasa daerah. Salah satunya dalam bahasa jawa seperti berikut ini :

tuku sarapan ning pasar kranggan
lawuhe ndog karo oseng kacang
wanine nggrenengi ramean
cen wanine mung cangkeman

tuku jenang ning pasar demangan
rasane enak memang jempolan
kerjo sitik pengin dianggep pahlawan
koncone seneng kok sengite ra karuan

Adang adang godong gedang
pilih digoreng opo didang
ora sanak ora kadang
penting ora ngomong ning mburi golek dalan padang

ngombe es degan awan awan
rasane seger maknyes tenan
ora popo mbok fitnah terus terusan
Mugi Gusti Allah paring kawelasan

ning pasar mbonceng ngarep
tuku jeruk karo tuku pelem
ora popo ora mbok anggep
kerjoku ora golek alem

Hawane kok pengin wedang ronde
Niat tukune bengi malah weruh wewe
sementara tetep tak dongakke 
kowe kabeh sehat lan apik apik wae

tuku jamu nggone mbah lasinah
jamune beras kencur marai sumringah
omonganmu kabeh cen ora ono sing nggenah
onone paitan sengit karo golek salah

tuku sepatu ning pasar sentir
warnane ireng abang mengkilat
Ora popo mbok arani kentir
nyatane awakmu sing kurang sehat

wong jujur isoh dadi ajur
karepe apik isoh diwalik
tetap tak dongakke kowe mujur
senajan wanimu ngomong mburi terus ndelik

jarene nyapu sapune reget
kok iso atine peteng ndedet
ning ngarep muni njih saget
ning mburi semaure nylekit banget

wanimu ning mburi rame
bareng ning ngarep meneng wae
rapopo levelmu ming semene
sori aku ora koyo kowe

 

 

 

 

Sumber: Tribun Jogja
Rekomendasi untuk Anda
Ikuti kami di

Berita Terkini

© 2026 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved