pantun bahasa jawa

Pantun Bahasa Jawa Hari Ini, wong jujur isoh dadi ajur, karepe apik isoh diwalik

Pantun Bahasa Jawa Hari Ini, wong jujur isoh dadi ajur, karepe apik isoh diwalik

Penulis: Yudha Kristiawan | Editor: Yudha Kristiawan
ist. Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat
Ilustrasi Pantun Bahasa Jawa 
  • Pantun Bahasa Jawa Hari Ini, wong jujur isoh dadi ajur, karepe apik isoh diwalik

TRIBUNJOGJA.COM - Pantun bisa menjadi pilihan media menyampaikan pesan moral hingga kritikan. 

Pantun bisa disampaikan dalam beragam bahasa daerah. Salah satunya dalam bahasa jawa seperti berikut ini :

Adang adang godong gedang
pilih digoreng opo didang
ora sanak ora kadang
penting ora ngomong ning mburi golek dalan padang

ngombe es degan awan awan
rasane seger maknyes tenan
ora popo mbok fitnah terus terusan
Mugi Gusti Allah paring kawelasan

ning pasar mbonceng ngarep
tuku jeruk karo tuku pelem
ora popo ora mbok anggep
kerjoku ora golek alem

Hawane kok pengin wedang ronde
Niat tukune bengi malah weruh wewe
sementara tetep tak dongakke 
kowe kabeh sehat lan apik apik wae

tuku jamu nggone mbah lasinah
jamune beras kencur marai sumringah
omonganmu kabeh cen ora ono sing nggenah
onone paitan sengit karo golek salah

tuku sepatu ning pasar sentir
warnane ireng abang mengkilat
Ora popo mbok arani kentir
nyatane awakmu sing kurang sehat

wong jujur isoh dadi ajur
karepe apik isoh diwalik
tetap tak dongakke kowe mujur
senajan wanimu ngomong mburi terus ndelik

jarene nyapu sapune reget
kok iso atine peteng ndedet
ning ngarep muni njih saget
ning mburi semaure nylekit banget

wanimu ning mburi rame
bareng ning ngarep meneng wae
rapopo levelmu ming semene
sori aku ora koyo kowe

tuku sarapan ning pasar kranggan
lawuhe ndog karo oseng kacang
wanine nggrenengi ramean
cen wanine mung cangkeman

 

 

 

Sumber: Tribun Jogja
Berita Terkait
  • Ikuti kami di
    AA

    Berita Terkini

    © 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
    All Right Reserved