Maulid Nabi
4 CONTOH Teks Pidato Maulid Nabi dalam Bahasa Jawa, Referensi untuk Acara RT/RW
Ini empat contoh teks pidato saat Maulid Nabi Muhammad yang bisa Anda copy dan paste. Selamat mencoba!
Penulis: Bunga Kartikasari | Editor: Bunga Kartikasari
TRIBUNJOGJA.COM - Tribunners, Maulid Nabi Muhammad akan jatuh pada 28 September 2023.
Maka, Tribunjogja.com merangkum contoh teks pidato Maulid Nabi Muhammad dengan bahasa Jawa.
Maulid Nabi Muhammad adalah peringatan hari lahir Nabi Islam Muhammad yang menurut tradisi sebagian Sunnu jatuh pada 12 Rabiulawal dan Syiah pada 17 Rabiulawal dalam penanggalan Hijriyah. Kata maulid atau milad dalam bahasa Arab berarti hari lahir.
Ini bisa menjadi referensi untuk bicara di depan mimbar maupun di khalayak umum.
Ini empat contoh teks pidato saat Maulid Nabi Muhammad yang bisa Anda copy dan paste. Selamat mencoba!

1. Contoh Teks Pidato Maulid Nabi dalam Bahasa Jawa
Assalamu'alaikum Warahmatullah Wabarakatuh.
Alhamdulillahirobbil Alamin, wabihi nastainu ala umuriddunia wa din. Wassolatu wassalamu ala Sayyidina Wamaulana Wasyafi'ina Wahabibina Muhammad Rasulillah wala alihi washohbih, waman tabi'a sunnatihi wajama'atah min yaumina hadza ila yaumi nahdhoh.
Kaum muslimin lan muslimat ingkang minulya.
Puji syukur kita aturaken dhumateng ngarsanipun Allah SWT, amargi wonten ing wekdal punika kita taksih pinaringan kanugrahan dening Allah SWT, satemah saged makempal lan pepanggihan wonten ing masjid ingkang sampun dipunwiwiti kanthi boten wonten alangan setunggal menapa.
Mugi-mugi pepanggihan kita ing dalu punika ndadosaken kasaenan ing donya lan ing akherat, amin.
Salajengipun, shalawat saha salam mugi tansah kacurahaken dhumateng junjungan kita Muhammad SAW, amargi panjenenganipun ingkang sampun kasil paring agami Islam ingkang kebak rahmat.
Kakung miwah muslimin muslimat, ing dalu punika kita sami kempal wonten ing mesjid kangge mengeti Maulid Nabi SAW.
Wiwit awal wulan Rabi'ul wonten acara wigatos inggih punika miyosipun nabi kita Muhammad SAW.
Dheweke lair nggawa rahmat, yaiku agama Islam, kanggo nggawe kita saka alam jahiliyah menyang jagad cahya, supaya kita bisa mbedakake antarane bener lan goroh.
Kita saged mbayangno kados pundi Rasulullah saw.
Sadurungé lair ing bumi, mesthi manungsa wis kuciwa, wong wadon dikubur wong lanang, adat-adat jahiliyah disosialisasiaké, sing mlarat tambah mlarat, sing sugih tambah sugih lsp.
Muslim lan wanita Muslim.
Sawise Islam digawa dening Nabi Muhammad, isi tatanan Jahiliyah bisa rampung diganti dadi adat Islam.
Dadi wong-wong sing biyen nganiaya siji lan sijine, banjur padha tulung-tinulung.
Wigati, miturut sejarah Islam, Nabi Muhammad saw. Dheweke lair tanggal 12 Rabi'ul Awal taun Gajah utawa tanggal 20 April 571 Masehi.
Dijenengi taun gajah, amarga Nabi miyos, akeh prajurit nunggang gajah sing arep ngrusak tentara Bait Allah sing dipimpin gubernur Yaman sing jenenge Abrahah.
Nanging tujuane sing ala kuwi ora bisa digayuh, amarga jurang neraka kebak krikil. Muslim lan wanita Muslim.
Nabi Muhammad SAW, lair yatim piatu, amarga bapake seda watara pitung sasi, yaiku Abdullah. Ibune jenenge Siti Aminah.
Tumrap kita umat Islam, ingkang paling utami wonten ing pengetan acara punika kita sedaya tansah niru watakipun Kanjeng Nabi mulya banget Ugi dados panutan tumrap tiyang ingkang kersa manggih Allah SWT.
Ing kasus iki, Allah ngandika minangka tembung ing Surah Al-Ahzab.
Laqad kāna lakum fī rasūlillāhi uswatun ḥasanatul liman kāna yarjullāha wal yaumal ākhira wa żakarallāha kaṡīrā(n).
Sungguh, pada (diri) Rasulullah benar-benar ada suri teladan yang baik bagimu, (yaitu) bagi orang yang mengharap (rahmat) Allah dan (kedatangan) hari Kiamat serta yang banyak mengingat Allah. (Q.S Al-Ahzab ayat 21).
Satemene Rasulullah SAW wis paring tuladha kang becik tumrap sira lan wong-wong kang ngarep-arep kasampurnan Allah lan akherat, lan eling marang Allah saakeh-akehe.
Mekaten, menawi wonten tembung ingkang kirang mranani penggalih kula nyuwun pangapunten.
Muga-muga apa sing wis kasebut sadurunge bisa migunani, ihdinash shirathal mustaqiim, Wallahul Muwafieq Ilaa Aqwamit Tharieq.
Wassalamualaikum Warahmatulahi Wabarakatuh.
Baca juga: 27 Ucapan Balasan Maulid Nabi Muhammad 1445 H Islami, Tebarkan dan Teladani Kemuliaan Rasulullah
2. Contoh Teks Pidato Maulid Nabi dalam Bahasa Jawa
Assalamu’alaikum wr.wb.
Bapak-bapak, Ibu-ibu, saha para sedherek kaum muslimin lan muslimat ingkang kinurmatan.
Saderengipun mangga kula tuwin panjenengan sami sesarengan ngaturaken pudya puji pudyastuti wonten ngarsaning Gusti Allah SWT. Dene kula tuwin panjenengan sami taksih sami pinaringan rahmat hidayahipun, kasugengan, karaharja, saengga taksih saged makempal wonten ing papan mriki.
Ing dinten punika tanggal 12 Rabiul Awal taun (...) utawi tanggal (...) wulan (...) taun (...) Masehi, kula tuwin panjengan sami saged makempal wonten ing Masjid (...) mriki, ingkang saperlu mengeti dinten Maulid Nabi junjungan kita inggih punika Kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Kula minangka ketua panitia penyelenggara pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW ing Masjid (...) mriki, ngaturaken gunging panuwun dhumateng para rawuh ingkang sampun nglonggaraken wekdal kersa angrawuhi pengetan wiyosipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW ing panggenan mriki.
Minangka pratandha sampun manteb tuwin raos nglegena dhumateng agami islam minangka pitedah kabagyanipun agesang wonten ing alam donya dumugi akhirat. Wondene inti saking pengetan punika badhe dipunwedaraken dening Bapak (...) saking (....).
Kula kinten atur pambuka pengetan dinten Maulid Nabi ing dalu punika kula cakapi semanten kemawon. Salajengipun mangga sesarengan paring tetenger bilih pengetan punika kula wiwiti kanthi waosan basmalah sesarengan. “Bismillahirrohmannirrahim.”
Cekap semanten atur kula, Akhirul kalam wabillahittaufiq walhidayah.
Wassalamu’alaikum wr. wb.
3. Contoh Teks Pidato Maulid Nabi dalam Bahasa Jawa
Assalamualaikum wr. wb.
Poro Bapak poro Ibu hadirin sedoyo ingkang kulo hormati.
Monggo kulo lan panjenengan sedoyo samiho manjataken rahos syukur Alhamdulillah dateng ngarsanipun allah SWT. dene menopo Alloh sampun paring hidayah, inayah, rohmat lan keni’matan dumateng kulo lan panjenengan sedoyo, sehingga kulo lan panjenengan sami saget makempal wonten ing puniko majlis kanti sehat wal ‘afiyat.
Poro rawuh ing saat meniko monggo kito niat ibadah dateng Alloh, niat ta’dzim utawi hormat dinten kelahiranipun junjunngan kito Nabi Agung Muhammad, salah setunggalipun Nabi pemimpin umat.
Nabi ingkang sanggup bade paring syafa’at, boten pandang sugih utawi melarat, boten pandang rakyat utawi pejabat, sami ugi wonten ing dunyo utawi akherat, mugi-mugi kulo panjenengan benjang saget angsal rohmat lan syafa’at, saking panjenenganipun benjang ing dinten kiamat. Amin.
Poro rawuh ingkang minulyo!
Junjungan kito Nabi Muhammad SAW. meniko salah setunggalipun Nabi ingkang nggadahi sifat kemanusiaan ingkang paling sempurno.
Dene ingkang paling menonjol sifatipun Kanjeng Nabi wonten kalangan manungso inggih puniko sifat kejujuranipun soho akhlakipun ingkang mulyo ngantos Kanjeng Nabi terkenal wonten kalangan tiyang Arab dipun sebut Al-Amin.
Tegesipun tiyang ingkang saget dipercoyo, ugi Alloh piyambak ngakoni mulyonipun akhlakipun kanjaeng Nabi dipun sebat wonten al-Qur’an surah al-Qolam ayat sekawan:
Ingkang artosipu
“Lan sak temene siro iku bener-bener netepi pekerti kanga agung.”
Poro Bapak poro Ibu ingkang minulyo!
Keranten akhlak ingkang mulyo lan agung, Kanjeng Nabi saget membangun mental Bangsa Arab saking zaman jahiliyyah menuju zaman Islamiyyah, kito sampun ma’lum wonten kitab-kitab tarikh utawi sejarah Islam.
Pancene menawi dipun ma’nani, “maen” niku ma’nane “maunya enak”, tapi emoh kangelan, lumuh nyambut gawe, semanten ugi “judi”, ma’nane “sing maju dadi”, dadi nopo? Dadi wong mlarat. Bangkrut. Semanten ugi “kertu” “duit ning sengker dadi metu” asale panen dodol gabah, duit kebek nang jeroneng sak.
Bareng silo, nyandak kertu, akhire duit sing disengker malah dadi metu. Semanten ugi “remi” ma’nane “njareme lami” tiyang remi niku nek menang ngotot golek musuh. Bareng kalah, njareme lami, suwe.
Mulane Kanjeng Nabi terus dipun lahiraken wonten ing tengah-tengah kebobrokan mental bangsa Arab supados nyempurnakaken akhlak utawi budi pekerti. Kanjeng Nabi pun dawuh:
“Sa’ temene ingsun diutus supoyo nyampurnakake budi pekerti.”
Poro bapak poro Ibu ingkang kulo hormati!
Agengipun pengaruh kemulyaan akhlak Kanjeng Nabi sehinggo syi’ar kejayaan Islam mboten namung terbatas wonten kalang tiyang Arab mawon tapi terus meluas berkembang ngantos seluruh dunia.
Pancen keutusipun Kanjeng Nabi meniko mboten khusus wonten negeri Arab mawon tapi dateng seluruh alam, Alloh dawuh wonten Al-Qur’an Surah Al-Anbiya’ ayat satus pitu:
“Lan Ingsun ora ngutus siro (Muhammad) kejobo aweh rohmat maring wong sa’ alam donyo."
Poro rawuh ingkang minulyo!
Dados kautusipun Kanjeng Nabi meniko merata dateng sedoyo tiang sa’ alam donyo. Mugi-mugi kito mbenjang sageto angsal syafa’atipun benjang dinten qiyamat.
Kintenipun cekap semanten uraian singkat tentang Maulid Nabi ingkang saget kulo aturaken kirang langkungipun nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum wr.wb.
Baca juga: 22 UCAPAN Maulid Nabi Bahasa Inggris, Happy Mawlid Al-Nabi 1445 H, Bisa Dipakai Status Medsos
4. Contoh Teks Pidato Maulid Nabi dalam Bahasa Jawa
Assalamualaikum Wr. Wb.
Alhamdulillahirobbil Alamin, wabihi nastainu ala umuriddunia wa din.
Wassolatu wassalamu ala Sayyidina Wamaulana Wasyafi'ina Wahabibina Muhammad Rasulillah wala alihi washohbih, waman tabi'a sunnatihi wajama'atah min yaumina hadza ila yaumi nahdhoh.
Ingkang kawulo hormati, sesepuh soho pini sepuh, ingkang kito ajeng-ajeng wejanganipun.
Dumateng bapak kepala desa sak perangkatipun ingkang kito taati peraturan lan perintahipun.
Dumateng sedoyo hadirin/hadirat kaum muslimin/muslimat ingkang kawulo hormati.
Kanthi ngucapaken raos syukur Alhamdulillah dumateng ngarsaning gusti Allah ta’ala. Katitik ngantos ing punika wekdal panjenengan saha kula taksih pinaringan Rahmat lan hidayahipun, sahingga wonten adicara pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW, punika kita sedoyo saget ngrawuhi lan makempal wonten ing masjid At-Taqwa miriki.
Satemah ing ndalu punika kita saget makempal wonten ing papan punika saperlu amengeti dinten wiyosipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW, kaping kalihipun shalawat lan salam mugi2 konjuk dumateng junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Hadirin hadirat kaum muslimin muslimat rahimmakumullah,
Kados sampun kasebataken dening pranatacara, bilih kulo minangka mewakili saking segenap Panitia pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW. Minangka pangarsaning panitia kulo hangaturaken sewu agungingapnuwun dhumateng para hadirin hadirat sedaya ingkang sampun kepareng nglonggaraken wekdal saperlu ngrawuhi acara punika.
Kula rumaos bombong awit panyengkuyung lan keshadaranipun umat Islam kanti ikhlas sampun sesarengan hanyengkuyung kaleksananipun tata adicara pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW ing dalu punika rencana lan tujuanipun sagunging para panitia ngawontenaken adicara punika mboten sanes hanguri-uri murih ngrembakaning ajaran Islam ingkang sampun kaasta dening Kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Mugi-mugi gusti Allah paring lelintu dhumateng amalan kita wonten ing ndalu punika kanti ganjaran ingkang sebobot lan satimbang kaliyan pandamel kita, Amin.
Para Bapak/Ibu sagunging para kaum muslimin/muslimat ingkang kinurmatan,
Sepisan malih sagunging panitia tansah ngatuaken agunging panuwun dhumateng para Bapak ibu lan sederek sedaya sarta sadaya ingkang ingkang sampun kepareng hanyengkuyung wontenipun tata adicara pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW punika.
Lan kula pinangka pangarsaning panitia sarta para kadang panitia tansah nyuwun agunging samodra pangaksami, awit kula sakadang ngrumaosi bilih anggenipun angaturaken papan palenggahan saha samukawisipun kirang mranani dumateng manah panjenengan sedaya.
Mbok menawi cekap semanten ingkang dados atur kulo wonten ing acara punika, kiranging basa kula tansah nyuwun sih agunging pangaksami, purnaning atur, Billahi taufiq wal hidayah.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
Itulah 4 contoh teks pidato Maulid Nabi dalam Bahasa Jawa yang telah dirangkum Tribunjogja.com dari berbagai sumber.
Bisa Anda gunakan sebagai referensi untuk mencari teks pidato dalam rangkaian acara Maulid Nabi besok Kamis 28 September 2023.
( Tribunjogja.com / Bunga Kartikasari )
Naskah pidato
Maulid Nabi 1445 H
Maulid Nabi
Maulid Nabi Muhammad
Pidato Maulid Nabi
Nabi Muhammad SAW
Tribunjogja.com
48 UCAPAN Maulid Nabi Muhammad 2024 Bahasa Jawa, Wilujeng Maulid Nabi Muhammad 1446 Hijriyah |
![]() |
---|
40 UCAPAN Maulid Nabi 2024 Bahasa Inggris, Happy Maulid of Prophet Muhammad SAW |
![]() |
---|
5 CONTOH Teks Pidato Maulid Nabi 2024 Bisa untuk Lomba: Singkat, Padat, dan Inspiratif |
![]() |
---|
5 CONTOH Teks Pidato Maulid Nabi 2024 Bahasa Jawa yang Singkat, Referensi untuk Acara RT/RW |
![]() |
---|
45 Kata-kata Maulid Nabi 2023 Bahasa Indonesia dan Inggris, Inspirasi untuk Jadi Caption Medsos |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.