Maulid Nabi

4 CONTOH Teks Pidato Maulid Nabi dalam Bahasa Jawa, Referensi untuk Acara RT/RW

Ini empat contoh teks pidato saat Maulid Nabi Muhammad yang bisa Anda copy dan paste. Selamat mencoba!

freepik
4 CONTOH Teks Pidato Maulid Nabi Bahasa Jawa, Referensi untuk Acara RT/RW 

Poro rawuh ing saat meniko monggo kito niat ibadah dateng Alloh, niat ta’dzim utawi hormat dinten kelahiranipun junjunngan kito Nabi Agung Muhammad, salah setunggalipun Nabi pemimpin umat.

Nabi ingkang sanggup bade paring syafa’at, boten pandang sugih utawi melarat, boten pandang rakyat utawi pejabat, sami ugi wonten ing dunyo utawi akherat, mugi-mugi kulo panjenengan benjang saget angsal rohmat lan syafa’at, saking panjenenganipun benjang ing dinten kiamat. Amin.

Poro rawuh ingkang minulyo!

Junjungan kito Nabi Muhammad SAW. meniko salah setunggalipun Nabi ingkang nggadahi sifat kemanusiaan ingkang paling sempurno.

Dene ingkang paling menonjol sifatipun Kanjeng Nabi wonten kalangan manungso inggih puniko sifat kejujuranipun soho akhlakipun ingkang mulyo ngantos Kanjeng Nabi terkenal wonten kalangan tiyang Arab dipun sebut Al-Amin.

Tegesipun tiyang ingkang saget dipercoyo, ugi Alloh piyambak ngakoni mulyonipun akhlakipun kanjaeng Nabi dipun sebat wonten al-Qur’an surah al-Qolam ayat sekawan:

Ingkang artosipu

“Lan sak temene siro iku bener-bener netepi pekerti kanga agung.”

Poro Bapak poro Ibu ingkang minulyo!

Keranten akhlak ingkang mulyo lan agung, Kanjeng Nabi saget membangun mental Bangsa Arab saking zaman jahiliyyah menuju zaman Islamiyyah, kito sampun ma’lum wonten kitab-kitab tarikh utawi sejarah Islam.

Pancene menawi dipun ma’nani, “maen” niku ma’nane “maunya enak”, tapi emoh kangelan, lumuh nyambut gawe, semanten ugi “judi”, ma’nane “sing maju dadi”, dadi nopo? Dadi wong mlarat. Bangkrut. Semanten ugi “kertu” “duit ning sengker dadi metu” asale panen dodol gabah, duit kebek nang jeroneng sak.

Bareng silo, nyandak kertu, akhire duit sing disengker malah dadi metu. Semanten ugi “remi” ma’nane “njareme lami” tiyang remi niku nek menang ngotot golek musuh. Bareng kalah, njareme lami, suwe.

Mulane Kanjeng Nabi terus dipun lahiraken wonten ing tengah-tengah kebobrokan mental bangsa Arab supados nyempurnakaken akhlak utawi budi pekerti. Kanjeng Nabi pun dawuh:

“Sa’ temene ingsun diutus supoyo nyampurnakake budi pekerti.”

Poro bapak poro Ibu ingkang kulo hormati!

Agengipun pengaruh kemulyaan akhlak Kanjeng Nabi sehinggo syi’ar kejayaan Islam mboten namung terbatas wonten kalang tiyang Arab mawon tapi terus meluas berkembang ngantos seluruh dunia.

Pancen keutusipun Kanjeng Nabi meniko mboten khusus wonten negeri Arab mawon tapi dateng seluruh alam, Alloh dawuh wonten Al-Qur’an Surah Al-Anbiya’ ayat satus pitu:

“Lan Ingsun ora ngutus siro (Muhammad) kejobo aweh rohmat maring wong sa’ alam donyo."

Poro rawuh ingkang minulyo!

Dados kautusipun Kanjeng Nabi meniko merata dateng sedoyo tiang sa’ alam donyo. Mugi-mugi kito mbenjang sageto angsal syafa’atipun benjang dinten qiyamat.

Kintenipun cekap semanten uraian singkat tentang Maulid Nabi ingkang saget kulo aturaken kirang langkungipun nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum wr.wb.

Baca juga: 22 UCAPAN Maulid Nabi Bahasa Inggris, Happy Mawlid Al-Nabi 1445 H, Bisa Dipakai Status Medsos

4. Contoh Teks Pidato Maulid Nabi dalam Bahasa Jawa

Assalamualaikum Wr. Wb.

Alhamdulillahirobbil Alamin, wabihi nastainu ala umuriddunia wa din.

Wassolatu wassalamu ala Sayyidina Wamaulana Wasyafi'ina Wahabibina Muhammad Rasulillah wala alihi washohbih, waman tabi'a sunnatihi wajama'atah min yaumina hadza ila yaumi nahdhoh.

Ingkang kawulo hormati, sesepuh soho pini sepuh, ingkang kito ajeng-ajeng wejanganipun.

Dumateng bapak kepala desa sak perangkatipun ingkang kito taati peraturan lan perintahipun.

Dumateng sedoyo hadirin/hadirat kaum muslimin/muslimat ingkang kawulo hormati.

Kanthi ngucapaken raos syukur Alhamdulillah dumateng ngarsaning gusti Allah ta’ala. Katitik ngantos ing punika wekdal panjenengan saha kula taksih pinaringan Rahmat lan hidayahipun, sahingga wonten adicara pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW, punika kita sedoyo saget ngrawuhi lan makempal wonten ing masjid At-Taqwa miriki.

Satemah ing ndalu punika kita saget makempal wonten ing papan punika saperlu amengeti dinten wiyosipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW, kaping kalihipun shalawat lan salam mugi2 konjuk dumateng junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad SAW.

Hadirin hadirat kaum muslimin muslimat rahimmakumullah,

Kados sampun kasebataken dening pranatacara, bilih kulo minangka mewakili saking segenap Panitia pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW. Minangka pangarsaning panitia kulo hangaturaken sewu agungingapnuwun dhumateng para hadirin hadirat sedaya ingkang sampun kepareng nglonggaraken wekdal saperlu ngrawuhi acara punika.

Kula rumaos bombong awit panyengkuyung lan keshadaranipun umat Islam kanti ikhlas sampun sesarengan hanyengkuyung kaleksananipun tata adicara pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW ing dalu punika rencana lan tujuanipun sagunging para panitia ngawontenaken adicara punika mboten sanes hanguri-uri murih ngrembakaning ajaran Islam ingkang sampun kaasta dening Kanjeng Nabi Muhammad SAW.

Mugi-mugi gusti Allah paring lelintu dhumateng amalan kita wonten ing ndalu punika kanti ganjaran ingkang sebobot lan satimbang kaliyan pandamel kita, Amin.

Para Bapak/Ibu sagunging para kaum muslimin/muslimat ingkang kinurmatan,

Sepisan malih sagunging panitia tansah ngatuaken agunging panuwun dhumateng para Bapak ibu lan sederek sedaya sarta sadaya ingkang ingkang sampun kepareng hanyengkuyung wontenipun tata adicara pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW punika.

Lan kula pinangka pangarsaning panitia sarta para kadang panitia tansah nyuwun agunging samodra pangaksami, awit kula sakadang ngrumaosi bilih anggenipun angaturaken papan palenggahan saha samukawisipun kirang mranani dumateng manah panjenengan sedaya.

Mbok menawi cekap semanten ingkang dados atur kulo wonten ing acara punika, kiranging basa kula tansah nyuwun sih agunging pangaksami, purnaning atur, Billahi taufiq wal hidayah.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Itulah 4 contoh teks pidato Maulid Nabi dalam Bahasa Jawa yang telah dirangkum Tribunjogja.com dari berbagai sumber.

Bisa Anda gunakan sebagai referensi untuk mencari teks pidato dalam rangkaian acara Maulid Nabi besok Kamis 28 September 2023.


( Tribunjogja.com / Bunga Kartikasari )

Sumber: Tribun Jogja
Berita Terkait
  • Ikuti kami di
    AA

    Berita Terkini

    © 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
    All Right Reserved